Sunday, April 13, 2014

PANATACARA & PAMEDHAR SABDA

   Panatacara yaiku wongg kang dipercaya ngatur utawa nata lakune wong liya. Ing madyane bebrayan (masyaraka) panatacara uga kerep sinebut protocol, MC ( Master of Ceremony ) utawa pembawa acara, panata adicara, pranata adicara, juru wicara, panitia laksana.   Mungguh bakune ayahan lan jejibahane yaiku nglantarake laku cak-cakane acara ing sawijining pasamuwan , temanten, pahargyan, sunatan, kematian, rapat, lsp.   Jejibahane panatacara iku luwih abot tinimbang pamedhar sabda. Tugas jejibahane pamedhar sabda iku wiwite nalika kadhapuk dening panata cara lan rampunge nalika dheweke wis kasembadan medharake apa kang dadi gatine ing pasamuwan.Jalaran panatacara kudu wis tumandang gawe wiwit isih arupa rantaman kang kudu digawe bareng dening panitia.Yen dijengglengi mungguh jejibahan lan cak-cakane panatacara yaiku :
1. Panatacara kudu teka ing dhapukane panitia
2. Weruh apa kang dadi bakune prastawa
3. Panatacara kudu bisa ngacarani kabeh acara kanthi apal tanpa teks
4. Panatacara kudu bisa nyebut/nagarani samubarang kanthi bener lan jangkep
5. Panatacara kudu tanggap lan nuruti apa kang dadi panjaluke kang duwe gawe lan karo         tuntunane ketua panitia 
6. Panatacara kudu bisa gawe resep endahe swasana lan weruh ubarampe  ( resep ) kang         dibutuhake
7. Panatacara uga kudu bisa ngendhaleni ( mengatur ) swasana amrih laku trep karo rantaman, lsp.
   Kaya mangkono iku kang dadi sesanggeman/ jejibahane panatacara.Amrih bisane lumaku apik kabeh kang diandharake mau kudu dimengerti lan uga ditrepi. Panatacara kudu pinter nggunakake basa, milih tetembungan lan ngrakit ukara. Wose ( intinya ) basa kang apik iku uga komunikatif, lire gampang dimangerti tumrap wong kang ngrungokne.

No comments :

Post a Comment