Ana 2 jinis parikan yaiku :
a. parikan sing dumadi sakan rong gatra ( parikan tunggal )
b. parikan sing dumadi saka patang gatra ( parikan rangkep )
1. Wedang bubuk, gula jawa
- Yen kepethuk, ati lega
2. Sepet-sepet, sawone mentah
- Diempet-empet, selak ra betah
3. Wajik kelthik, gula abang
- Aja suthik, yen tumandang
4. Godhong kecipir, mrambat kawat
- Najan gak mapir, nanging liwat
5. Kembang jagung, dipethik Cina
- Barang wis kadhung dikapakne
6. Manuk emprit, menclok godhong tebu
- Dadi murid, sing sregep sinau
7. Esuk nembang sore nembang, tembangane asmarandana
- Esuk ngandhang sore ngandhang, sing diadhang ra teka teka
8. Awan-awan ojo kluyuran, ana pak mantri numpak sekuter
- Kapan-kapan iku keturutan, duwe kanca sinaune pinter
No comments :
Post a Comment